Nggak (kepo) nggak tahu info

Saturday, April 20, 2019

Pranatacara Pengetan Dinten Kartini_BAHASA JAWA


`Pranatacara PengetanDinten Kartini

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Ingkang kinurmatan Bapak Kepala SMA Negeri 1 Godean, Bapak/Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Awit wonten ing titiwanci wekdal punika kula ingkang kadhawuh nderekaken lampahing acara Pengetan Dinten Kartini

Saderengipun, sumangga kula lan panjenengan sedaya ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuwaos ingkang tansah paring kalarasan dhumateng kula lan panjenengan, satemah ing wekdal menika kula lan panjenengan saged makempal boten wonten alangan satunggal menapa. Aamiin.

Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan, sadherengipun acara kawiwitan keparenga kula ngaturaken titi acara ing wekdal punika.
  1. Pambuka
  2. Nembangaken lagu Ibu Kartini
  3. Atur pambagyaharja saking ketua panitia 
  4. Atur pangandikan saking Bapak Kepala SMA N 1 Godean
  5. Sesorah Raden Ajeng Kartini
  6. Penutup
Bapak/Ibu saha para tamu ingkang dahat kinurmatan, mekaten susunan acara ing wekdal menika.

Acara kaping setunggal inggih menika pambuka. Pramila sumangga kinarya amiwiti acara menika kula lan panjenengan ndedonga sesarengan miturut keyakinan piyambak-piyambak.
Ndedonga sesarengan (…) Ndedonga cekap. Matur nuwun.

Acara kaping kalih inggih menika nembangaken lagu Ibu Kartini ingkang dipunpimpin dening sedherek Sri Rahayu. Bapak/Ibu para rawuh sedaya kula aturi jumeneng (…)
Dhumateng sedherek Sri Rahayu ingkang sampun piniji ngayuhi gati, wekdal kula aturaken matur nuwun sumangga keparenga lenggah ingkang prayogi.

Bapak/Ibu guru saha para lenggah ingkang dahat kinurmatan, acara selajengipun inggih menika atur pambagyaharja saking ketua panitia Pengetan Dinten Kartini. Pramila dhumateng sedherek Ulfah Aulia Annas wekdal kula sumanggaaken (…)
Matur nuwun dhumateng sedherek Ulfah Aulia Annas ingkang sampun atur pambaagyaharja.

Acara salajengipun inggih menika atur pangandikan. Dhumateng panjenenganipun Bapak Maryono S.pd., M.pd. kula sumanggaaken (…)
Agunging panuwun katur dhumateng panjenenganipun Bapak Maryono S.pd., M.pd. ingkang sampun kepareng atur pangandikan.

Acara salajengipun inggih menika sesorah Raden Ajeng Kartini. Dhumateng sadherek Irfaningtyas Nur Fauziah kula sumanggaaken (…)
Matur nuwun dhumateng sadherek Irfaningtyas Nur Fauziah ingkang sampun atur pangandikan.

Dumugi acara ingkang pungkasan inggih menika penutup. Sumangga acara-acara menika katutup sesarengan kanthi ndedonga muji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuwasa. Ndedonga kawiwitan (…) Ndedonga cekap.
Mekaten para rawuh, anggen kula ngerekaken lampahing acara ing wekdal menika minangka kathah pinanggih kalepatan ing basal an subasita kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Share:

0 comments:

Post a Comment

Pages

Blogger templates

BTemplates.com